UPACARA
TINGKEBAN
Upacara tingkeban ana ing
masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb
ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo
calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae
nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi
lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku
muga-muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga
arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon
ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon
bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni
teges muga–muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti
marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing
upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu
saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga
teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi
kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “
ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang urut-urutane:nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris,
parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana
adicara nigas janur kuning. Calon bapak nigas janur
kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning,
calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa
lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan
ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi
bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan
kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih
utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono
mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara
mawa tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake.
Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.
Upacara Langkahan
Upacara
langkahan iki katindakake manawa calon manten putri anggone ningkah luwih
dhisik katimbang kakangne kang durung ningkah. Sadurunge akad nikah, calon
manten putri kudu jaluk idin marang kakangne kang dilangkahi. Tumindake bab iki
lumrahe diwiwiti sadurunge midadareni. Jalaran upacara iki asipat mirunggan,
mula lumrahe mung sineksenan dening kulawarga. Biyen upacara iki ditindakake
ing sangareping senthong utawa kamar tengah, nanging samengko iki katindakake
ing kamar manten.
Sadurunge
upacara langkah katindakake, kakangne utawa bakyune siyaga nganggo dandanan
jawa lan lungguh sila utawa timpuh ing papan kang wis dicawisake. Dene
urut-urutane tumindak mangkene:
1. Calon manten
ngadhep kakang utawa mbakyune kanthi lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi
kandha utawa ngomong: “Kangmas utawa mBakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini
lumampah, saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kula kekalih samangke
dumugi papan kang kula sedya lan manggih seneng, tinebihna ing rubeda
sambekala, Amin.”
2. Sawise
ngucap mangkono mau, nuli calon manten sungkem karo ngambung dhengkule tengen
dikantheni niat utawa sedya kang tandhes temenan. Kangmase utawa bakyune nampa
sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake
tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak paring idin
lan palilah lumakua dhisik, slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok
tuju. Muga-muga Gusti Kang Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure
lan aku enggal nututi. Amin.” Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit
banjur masrahake sanggan kang wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe
sarta tali asih utawa tandha mata, bisa wujud apa wae.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar